Kerajinan Kipas Deling

Kerajinan Kipas Deling

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Para pamirsa, kipas saking deling dumugining sakemniak kanayat ugi tasih suka asil dhumateng pengrajinipun. Kerajinan menika padatanipun dipun ginaken kangge kenangan ing acara-acara palakrama, wisuda lan sakpiturutipun.

Usaha ndamel kerajinan kipas saking deling ingkang dipun btindaken dening Ngadiyanto, saking Padusunan Jipangan, Bangunjiwa Kasihan Bantul menika  kawiwitan tahun kalih ewu tiga. Piyambakipoun nggegulang ing donyaning kerajinan menika sasampunipun piyambakipun lulusa saking pawiyatan. Benten kaliyan wiranem sanesipun, sasampunipun lulus pados lapangan pakaryan, ananging  Ngadiyanto kepara gadhah kekajengan ndamel lapangan pakaryan piyambak. Nguningani bilih ing laladan jipangan menika saperangan ageng, warganipun sami nggegulang ing usaha kerajinan ndamel kipas deling, saklajengipun piyambaikipun ugi ndamel kerajinan menika. Asilipun kanyata ugi sae, asiling kerajinan ugi pajeng lan sampun kakintun ing kitha kitha ing laladan pulo jawi kepara dumugi sak jawining rangkah pulo jawi. Bahan baken ingkang dipun ginaken inggih menika  arupi deling wulung, ingkang dipun irat kanthi mirunggan, saklajengipun dipun sukani cita. Pengaosing kipas menika saking sewu gansgal atus rupiyah dumugi  gangsal ewu rupiyah gumantung kaliyan ukuranipun.

Dipun tambahaken dening ngadiyanto, bilih saben minggunipun sekedhikipun saged ndamel gansgal ewunan kipas. Menawi wonten pesenan kathah piyambakipun nindaaken memitran kaliyan tangga tepalihipun. Ing padusunan jipangan piyambak, wekdal sakmenika wonten tigang dasaan kepala somah ingkang makarya ndamel kerajinan arupi kipas deling.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *