Mbangsulaken Kualitas Pasiten

Mbangsulaken Kualitas Pasiten

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Para pamirsa, nguningani bilih pangginaning rabuk kimia danguning dangu saged ngrisak siti, kadang tani kedahipun sampun ngirangi pangginaning rabuk kimia, gantos mawi rabuk organik.

Jumbuh kaliyan program swa sembada pangan ingkang dipun tetepaken denning pamarintah ing wekdal kapengker, kanca tani ing salebeting nikelaken asiling olah tetanen mliginipun pantun sami nginaken rabuk damelan pabrik utawi rabuk kimia. Menawi dipun pirsani saking asiling tetanen pancen asilipun inggih mareamaken sanget, ananging danguning dangu pangginaning rabuk kimia wau kanyata saged ngrisak  pasiten. Risaking siti wau saged katitik saking mandhaping tataran suburing siti, produktifitas ingkang saya susut, siti ingkang saya atos, jangka wekdal pangolahing siti ingkang saya dangu lan ingkang saya mrihatosaken inggih menika risaking ekosistem olah tetanen. Chamim tohari ketua regu perlindungan tanaman diy mratelaken bilih kadang tani wekdal sakmenika ing saklebeting nyukani rabuk namung kangge taneman kemawon, sawetawis pangan kangge siti dipun lirwaaken.

Kanthi njagi lahan pasiten kanthi ngginakeb rabuk organmik, ing tembe ngajengipun asilipun saya sae jalaran  siti dados subur malih lan mengsah alami badhe gesang malih, wusananipun anggenipun ngendhaleni OPT langkung ngirit. Ingkang langkung wigati ngginaken rabuk organik mekaten mboten ngrisak ekosistem, lan mujudaken  krida ingkang wicaksana.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *