Olahan Susu Etawa

Olahan Susu Etawa

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Para pamirsa, kange nikelaken bobot ekonomining susu menda etawa, warga Kuncen Turi Sleman ngolah susu dados susu bubuk.

Kados mekaten menika kridhanipun Bu Wignyo lan putrinipun, Anik Suliwati, sesarengan kaliyan warganing kwt kuncen turi sleman. Saben dinten Bu Wignyo adreng damel susu bubuk etawa kanti mupangataken bahan dasar susu seger etawa asil saking kadnaag tani ternak etawa ingkang wonten ing kawiwa tengenipun, saged kawuningan,  saperangan ageng warga masyarakat ing laladan kuncen turi sleman  makarya ing donyaning peternakan mliginipun menda etawa. Menawi   asiling susu menda menika mula bikanipun dipun sade awujud susu seger kemawon. Ananging gilir gumantosing wekdal, saperangan kadang tani nngolah susu menda wau dados manekawerni olahan salah setunggalipun susu bubuk. Bu Wignyo jlnetrehaken, saking bahan setunggal liter susu seger etawa kanti regi seklanagkung ewu ruiah, sasampunipun dipon olah namung dadus sekedhik. Angenipun ngolah susu seger meniak kedaah dipun mangsak kanti dipun sukani gendhis pasir sak cekapipun supados wenri susu bubuk mangkenipun ugi sae lan mboten ketingal gosong. Lumantar cara menika kanyata kajawi  langkung awet, pekekanipun susu etawa kuncen ugi sampun dumugi sak indenging nuswantara. Saben sedintenipun Bu Wignyo saged nelaake susu seger engga satus dumugi satus seket liter. Saben  seprapat kilo, susu bubuk etawa menai ki dipun aosi selanglung ewu rupiah. Sinten ingkang nyana, industri balegriya menika kanyata ugi saged angripta lapangan pakaryan tumparp kaum ibu ing laladan menika ingkang wusananipun saged ngirangi tiyang nganggur.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *