TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Kejawi Dusun Karang Pendowoharjo, Dusun Bandung Kulon Pendowoharjo Sewon Bantul ugi kawentar minangka punjering kerajinan kreneng. Kreneng menika padatanipun dipun ginaaken kangge mbrongsong woh menapadene kangge wadah woh salak.
Kejawi Dusun Karang Pendowoharjo, Dusun Bandung Kulon Pendowoharjo Sewon Bantul ingkang kanyata ugi kawentar minangka punjering kerajinan saking deling ananging wujudipun kreneng. Kawuningana bilih kreneng menka padatanipun dipun ginaaken kangge mbrongsong woh klengkeng, menapadene kangge wadah woh salak popndoh lan sakpiturutipun. Kados ingkang dipun tindaaken Kardi saweneh warga Dusun Bandung Kulon memnika ingkang sampun miwiti usaha nalika taksih alit. Ing griyanipun piyambakipun ndamel kreneng kanthi manekawerni ukuran. Kejawi Bu Kardi wonten ugi bu wiji ingkang sampun nglampahi pedamelanipun menika miangka samben. Sakderengipun dipun damel kreneng, deling wau kedah dipun peme rumiyin supados mboten gampil katerka jamur. Piyambakipun nagdnaraken bilih ing purwakaning Covid-19 pesenen kreneng kepara sepen sanget. Ananging rahayunipun ing wekdal sakmenika pesenen kreneng ingkang dateng ing papanipun sampun wiwit kathah. Kejawi dipun sade dateng bakul, kathah ugi warga masyarakat ingkang langsung dateng ing papan menika.