TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Ing Wonocatur, Banguntapan, Bantul wonten setunggaling pasareyan, ingkang gadhah gandheng cenengipun kaliyan lampahing kraton mataram. Ing papan menikia dipun sarek-aken patih danurejo pitu dalah garwanipun.
Salah setunggaling papan ingkang ngemot sujarah ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan Kraton Ngayogyakarta inggih menika situs Makam Cendopnosari ingkang dumunung ing Wonocatur, Banguntapan, Bantul menika. Makam Cendopnosari mujudaken pasareyan Patih Ndalem Danurejo ingkang kaping pitu dalah garwanipun inggih menika GKR Angger, Rayi Dalem HB ingkang kaping pitu. Pasareyan menika dumunung ing setunggaling punthukan siti ingkang inggilipun udakawis kalih dasa meter. Punthukan siti menika dipun pebdhet saking siti ing sakiwatengenipun, ingkang wusananipun nilaraken setunggaling blumbang kanthi cakrik aksara “U”. Mlebet ing pasareyan menika kedah lumampah ing undhak-undhaklan ingkang gunggunipun tigang dasa iji, ing pasareyan menika siring ler dipun sarek-aken patih danurejo kaping pitu lan garwanipun sawetawis ing ngandhapipun wonten nem makam, ingkang siring kiwa makam trah saking Kasunanan Surakarta sawetawis siring tengen saking Ngayogykarta. Endri Agus, juru kunci pasareyan Makam Cendopnosari mratelaken bilih Patih Danurejo mekaten setunggaling patih dalem ingkang ugi seniman mumpuni ingkang angripta setunggaling beksan, dalah bangunan.
Emanipun bangunan kina dalah pasareyan menikia kawontenaipun mrihatosaken sanget, kathah tembokipun ingkang sampun bentet. Sawetawis ing perangan payonipun ugi sampun kathah ingkang bocor, mekaten ugi cet ipun uigi sampun kathah ingkang nglotok, teralisipun ugio sampun wonten ingkang coplok. Nguniongani bilih, inglkang dipun sarek-aken ing pasareyan menika wontenipun gandheng cenengipun kaliyan lampahing kraton mataram, sampun sak mestinipun kajagi, suapdos samangkenipun para wiranem saged mangertosi lampah sujarah duk rikala jaman kawuri, mingka sangu ing tembe ngajeng.ing sak ngandhapin makam cendonosari menika ugi wonten setunggaling kijing ingkang dados pratanda kuburan turangga titihanipun Patih Danurejo.