TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Para pamirsa, ngendhaleni ama tikus ngginaken mengsah alami arupi peksi guwek tito alba kanyata langkung irit lan murakabi sarta aman tumprap lingkungan.
Tikus maujudaken setunggaling ama ingkang dados pepalanging kadang tani ing saklebeting nindaken usaha budidaya taneman pantun. Maneka werni cara kangge ngendhaleni ama tikus wau sampun katindaken dening kadang tani wiwit saking gropyokan tikus, engga ngompos ngginaken lirang, ewa semanten asiulipun ugi kirang maksimal. Ngendhaleni ama tikus ing lahan olah tetanen, mboten cekap namung lumantar gropyokan, ngempos engga nyukani racun, ananging sedayanipun kedah katindaken kanthi cara manunggal utawi terpadu. Bab inglkang mekaten menika ingkang sampun katindaken dening kadang tani ing laladan Pronosutan, Kembang, Nanggulan Kulonprogo. Ing pungkasaning wekdal menika kadang ing laladan menika, ing saklebeting ngenbdhaleni ama tikus ngginaken mengsah alami arupi peksi guwek tito alba. Supados samangkenipun peksi guwek menika ugi saged ngrembaka, ing lahan pesabinanipun kadang tani ugi sampun dipun pasangi rubuha utawi rumah burung hantu. Menawi sekawit namung wonten udakawis kalih iji rubuha samenika sampun wonten puluhan rubuha, ingkang kangge nigan peksi tito alba. Kanthi saya kathahipun peksi guwek ingkang ngrembaka ing laladan menika kaajab, asiling panen pantun ugi saya tikel. Saben setunggal peksi guwek menika saben dintenipun saged mangan gangsal engga sedasa tikus. Kadang tani ugi nganrantam, ndamel rubuha enggal malih ingkang dipun papanaken ing sak pinggiring lepen menapadene ing tengahing pesabinan.