Teras Merapi

Teras Merapi

TVRI YOGYAKARTA NEWS – MUCHAMMAD RIDWAN

Kathahipun sumber daya alam ing perenging redi Merapi mliginipun ing, Kapanewon Cangkringan, Kabupaten Sleman, kathah dipun mupangataken dening warganing masyarakat. Toya resik saking umbul bebeng dipun mupangaatken kangge nyekapi kabetahan toya  bale griya menapadene wisata, salah setunggalipun ingih menika teras merapi,

Dumunung udakais kseakwan kilomneter saking pucuking redi merapi, teras merapi ing Dusun Kalitengah Kidul, Kalurahan Glagaharjo, Kapanewon Cangkringan, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta, dados salah setunggaling jujugan wisata kajawi bukit klangon. Mupangatken umbul toya bebeng inggih menika umbul lanang lan umbul wadon, r toya dipun ilekaken lumantar gaya grafitasi mawi pipa ingkang ksambung tumuju bak penampungan. Saking bak penampungan meniak saklajengipun dipun ilekaken ning kolam renang  ing teras merapi. Miturut Lurah Kalurahan Glagharjo, Suroto, blumbang meniak katujoiaken kange para pelancong deasa menaapdene lare. Blumbang menika gadhah ukuiran sedasa kaping nem meter pesagi, setunggalipun wiyar setunggal setengah meter panjang seket meter  lebetipun setunggal meter. Menggah tiket melbet ing papan menika kangge dewasa sedasa ewu rupiyah sawetawsi lare gansgal ewu rupiyah. Manekawerni jejangkeping sarana nwisata ugi cumawis wiwit saking kamar mandi mushola sarta papan kangeg ngahso. Kajawi kangeg kolam renang  toya resik saking umbul bebeng ugi dipun mupangataken warag ing kalih kabupaten inggih emnika sleman lan klaten. Mboten namung kangge nyekapi kabetahan balegriya, toya resik menika ugi kangge nyekapi kabetahan toya ing wande wande ingkang bikak ing kompleks teras merapi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *