TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Kangge ngirangi dumadosing pemanasan global, warga masyarakat ing sawetawis papan ing saklebeting nindaken pembangunan kanthi konsep lingkungan ingkang dipun wadhai lumantar kampung hijau.
Ewah-ewahan iklim sampun dados perkawis lingkungan ingkang nyata lan dipun akeni minangka salah setunggaling bab ingkang saged ngancam gesanging manungsa. Suhu ing laladan asia tenggara gilir gumantosing wekdal saya mindhak benter, tigang dasaangajeng suhu ing negari asia tenggara badhe mindhak setunggal setengah engga kalih derajad selsius. Saking asiling panaliten, ewah-ewahan suhu wau kadugi nglempaking gas rumah kaca ing atmosfir awit kridhaning manungsa ing saklebeting nindaken pembangunan, wiwit saking ngginaken bahan bakar fosil, rabuk kimia, menapadene dumadosing kobongan wana. Wontenipun indak-indakan suhu kala wau saged ndayani dumadosing bebendu alam wiwit bena, lonsor, siti garing, engga toya seganten ingkang saya minggah ing daratan. Ngirangi dumdosing pemanasan global wau, warga ing sawetawis laladan ing Daerah Istimewa Ngayogyakarta sampun netepaken kampungipun dados kampun hijau menapdene kampung iklim. Ing kampung hijau menapadene kampung iklim menika sedaya warga sami nanem manekawerni taneman ing sakpingiring mergi, menapadene ing pekawisan . Jinisning taneman wiwit saking sekar, janganan. Toga engga woh-wohan. Mekaten ugi ing babagan ngemonah uwuh, ing kampung hijau menapdene kampun iklim menika dipun tindaaken kanthi estu, wiwit saking ngemonah uwuh ing balegriya, engga nywisaikenan ppan-panan kangeg madahi uwuh ingkang sampun dipun pilah-pilah. Kampung hijau menika mujudaken pamekaran saking program kawasan rumah pangan lestari ingkang sampun dipun mekaraken saderengipun. Kanyata program menika saged manunggal lan gadhah mupangatageng tumprap masyarakat. Womtenipun maneka werni taneman menika badhe ngirangi bentering hawa, kajawi nambah asrining suwasana. Engeting warga njagi lingkungan, mujudaken setunggaling perkawis ingkang wigati supadpos samangkenipun bumi saged dipun warisaken dhumateng putra wayah.