TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Kadang tani ing laladan Padukuhan Beji, Patuk, Gunungkidul, ing wekdal sakmemnika nembe ngirangi pangginaing rabuk kimia kangge lahan pantun. Rabuk kimia wau dipun gantos kohe minangka kupiya kangge njagi kesuburan siti olah tetanen.
Sanadyan taksih kathah kadang tani ingkang migunaaken rabuk kimia ananging sekedhik mbaka sekdhik kadang tani ing laladan Padukuhan Beji, Patuk, Gunungkidul sampun wiwit ngirangi pangginaning rabuk kimia. Mujiyanto salah saweneh kadang tani lahan tadah hujan ngandaraken bilih sampun meh gangsal tahun menika piyambakipun ngirangi rabuk kimia. Pangginaning rabuk kimia kangge lahan olah tetanen menika danguning dangu badhe ngrisak lahan siti olah tetanen. Lahan gampil atos lan mboten saged dipun ginaaken kangge nindaaken olah tetanen. Menawi nggemburaken siti ingkangs ampun risak kangge toya temtu ugi badhe nelasaken arta ingkangh kathah. Mboten namung menika nalika pangginaing rabuk kimia dipun kirangi kanyata ugi saged ngendaleni sawetawis ama sesakit ingkang nerak taneman pantun. Saking kalih lahan ingkang dipun buddiaya menika piyambakipunmbetahaken dasanan sak rabuk organik kohe. Kanthi pangginaning rabuk kohe menika siti olah tetanen langkung subur saengga taneman tuwuh kanthi sae.
Ing mangsa taneman menika kathah kadang tani ingkang mupangataken toya ksaing lepen oya minangka kangge kabetahan irigasi migunaaken pompa ingkang tentu mbetahaken pawitan ingkang inggil. Mil akadang tani ngajab amrih asil panen sae lan pengaosipun mugi sae.