Sekar Bakung Ingkang Kebak Mupangat

Sekar Bakung Ingkang Kebak Mupangat

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Sekar bakung ing tanah jawi mekaten kalebet taneman klasik ingkang kawit jaman rumiyin ngrengga pekawisan griya. Nanging dereng kathah ingkang mangertosi bilih kanyata taneman sekar menika aji sanget ing donyaning pangusadan.

Kados mekaten menika wujudipun taneman sekar bakung abrit utawi ingkang gadah nami latin crinum asiaticum lilium. Menggahing para toyang sepuh, taneman  menika pancen sanes mujudaken taneman enggal jalaran kawit jaman rumiyin sampun kathah dipun tanem ing pekawisan griya menapa dene namung tuwuh mekaten kemawon ing kebon. Nanging menggahing lare jaman sakmenika, baklung abrit mbok bilih sampun awis awsi malih dipun prangguli. Kejawi mupangatipun  minangka taneman paseren, sinten ingkang nyana bilih kanyata taneman bakung  mekaten gadah mupangat ageng ing donyaning herbal. Kepara skaing agengipun, tane,man menika ugi kathah dipun padosi. Salah setungaling mupoangat ageng taneman menika wonten ing ronipun. Ron menika kanyata murakabi sanget ngusadani sesakit hernia. Caranipun ugi namung prasaja. Ron bakung ingkang wiyar meniak dipon leti lisah klentik enggal lan saklajengipun dipun panggang. Sasampunipun alum, ron meniak dipun ginaaken minangka gantosingpun lancing  kados dene nalika  bayi ngginaaken popok. Saben dinten kedah dipun gantos mawi eon enggal. Kandetan zat zat aktif ing salebeting ron bakung menika murakabi sanget mandhapaken inflamasi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *