TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Para pamirsa, nanem taneman obat-obatan utawi taneman herbal, kajawi saged njagi kasasraning kulawarga menapadene warga masyarakat, kanyata ugi mikolehi kangge nambah wulu wektu.
Kados mekaten menika taneman obat-obatan ingkang dipun tanem dening warga masyarakat ing RT 23 Plumbon Babadan, Banguntapan Bantul. Wonten udakawis sangang dasanan jinis taneman herbal ingkang dipun tanem wiiwt tahun kalih ewu nem belas kapengker. Sri Wigati saweneh warga ngandaraken bilih sak derengipun dipun mupangtaken kangeg nanem taneman herbal, papan menika dening warga ing kangge mbucal uwuh, saengga kawontenanipun reged. Ananging jumbuh kaliyan engeting warga masyarakat ngengingi karesikan lan kasarasan, saklejengipun dipun resiki lan kangeg nanem taneman herbal. Ing saklebeting nanem taneman herbal menika katindaken ing polibag menapadene ing setunggaling pot, saengga ugi saya nambah asrining suwasana. Kanthi wontenipun taneman obat-obatan, mupangatipun sampun dipun raosaken dneing warga masyarakat, kjawi ing donyaning kasarasan, ekonomi, ugi saya nambah asrining swasana. Kebun herbal taman makmur menika uigi nate sasab dados juwara setunggal ing tataran Propinsi DIY, sarta pasanggiri sanesipun, saengga mboten maiben bilih kebun herbal menika dados jujugan studi banding saking sadengeh laladan ing Indonesia. Dumugioning wekdal sakmenika sampun wonten satus pitung dasdanan jinis taneman herbal. Ing tembe ngajenipun, ugi badhe nambah koleksinipuyn. Kajawi taneman herbal, ing pungkasaning wekdal mnika ugi nembe ngrembakaaken taneman strowberry.