Budidaya Melon

Budidaya Melon

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Mupangatraken Tanah Kas Desa, ingkang mujudaken lahan tidur tilasing jujugan wisata Kembang Tebu, kadang tani wekdal sakemnhika wiwit nanem melon. Ing pangangkah ngajengi dinten riyadi taneman melon meniak sampoun saged dipun panen.

Kadang tani melon ing lahan kas desa ingkang rumiyinipun mujudaken papan wisata Kembang Tebu, ing Kalurahan Jatimulyo, Girimulyo Kulonprogo, wekdal sakemnika nembe mekaraken taneman melon, ingkang karantam sampun dipun panen ngajengi bakda riyadi.  Sinaosa ngadhepi pepalang wontenipun maneklawernio ama lan sesakit, kadang tani  pitados asilipun badhe sae. Waji saweneh kadsang tani mratelaken bilih suapdos asilipun saged sae lan maremaken, ing mansga kados sakmenika gumantung ing saklebeting negdaleni ama lan sesakit kawit nalika nembe saking penbibitan. Piyambakopun ugi gadhah penggalihan bilih langkung sae njagiu utawi nyegah kapandiongaken kaliyan ngobati. Kangge ngiyataken daya tahaninuig taneman, waji langkung nengenaken ing babagan paring nutrisi ingkang cekap lan imbang. Taneman ingkang saras langkung tahan saking ngrebasaning ama lan sesakit. Piyambakipun kanthi ajeg nyukani nutrisi jumbuh kaliyan kabetahaning taneman.

Jangka wekdal panen melon saking tanem ing umur sewidak engga sewidak gansgal dinten . Kanthi etangan kasebat kadang tani melon ing jatimulyo menika saged panen ndyngkap tumapaking badka riyadi. Ingkang padatanipun panyuwuanan melon badhe saya matikel-tikel. Kadang tani ngajab kanthi dipun kemaonah sae lan intesnsif, asil panen melon saged maksimal sinaosa ngadhepi wontenipun ama lan sesakit. Budifdaya meon menika ing pangangkah ugi saged nikkelaken wulu wektu.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *