Gunggunging Budidaya Kangkung Andhap

Gunggunging Budidaya Kangkung Andhap

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Sanadyan mboten kathah ananging taksih wonten kadang tani ingkang dumunung wonten ing punjering taneman janganan ing Kapanewon Wonosari, Gunungkidul, ingkang mbudidaya taneman kangkung.

Ing wekdal sakmneika mboten kathah kadang tani ingkang wonten ing punjering taneman janganan ingkang wonten ing kalurahan duwet wonosari ingkang mbudidaya taneman janganan kangkung. Kadang tani ing papan menika langkung milih nindaaken mbuididaya taneman pantun nalika ing mangsa jawah kados wekdal smeangke menika. Kawontenan menika ingkang cobi dipun mupangataken dening pujiyatis aweneh kadang tani nindaaken budidaya taneman kangkung sanadyan gunggungipun namung sekehdik. Budidaya kangkung ingkang sampun dipun wiwiti nalika datengipun mangsa jawah menika sampun ndatengaken bebathen ingkang sae.  Gunggunging toya ingkang kathah nalika jawah ndamale tansyaa gampilipun anggenipun ngrimat ananging pancen piyambakipun kedah greteh supados mgoten kekathahen toya. Sadangunipun mangs ajawah menik apuyambakipun smapun kaping kalih nindaaken budidaya taneman janganna kangkung lan saged ngasilaken bebathen ingkang sae. Menapa malih umur taneman menika namung 25 dinten sampun saged panen. Mboten namung menika pengaosing kangkung ing pekenan ugi kapetang ajeg, watawis setunggal ewu gangsal atus setunggal iketipun. Nalika ing wekdal tinamtu kadosta preen panjang pengaosing kangkung badhe tansay ainggil amargi panyuwunan ingkang tikel ananging palong mboten wonten ing lahan menika piyambakipuns aged nanem kangkung ngancik tingang ubengan sakderengipun dipun gantos komoditi olah tetanen sanesipun.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *