TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDA
Para pamirsa, ndamel tempe ngginaken pirantos ketel uap kanyata asilipun langkung sae, raosipun mboten sangit lan langkung higienis.
Padatanipun menawi nggodhog dangsul kangge ndamel tempe, para perajin kathah-kathahipun ngginaken drem ingkang langsung dipun obori mawi latu ngginaken bahan bakar kajeng. Panngginaning latu wau kajawi boros kajeng, pirantosipun dados cemeng, raosipun tempe kadangkala ugi dados sangit. Ananging sakmemnika sampun wonten teknologi ingkang prasaja kangge nggodhog dangsul wau inggih menika ngginaken ketel uap. Abdul Kharim saweneh pengrajin tempe saking Jaten, Ngestiharjo Bantul njlentrehaken bilih kanthi ngginaken ketel uap menika kanyata langkung ngirit sedayanipun, wiwit saking bahan bakar, wekdal lan ingkang wigati asiling tempe langkung higienis. Menawi dipun godhog langsung ngginaken latu mbetahaken wekdal engga sekawan jam, ananging menawi ngginaken ketel uap menika namung mbetahaken wekdal namung kalih jam kemawon. Saking pirantos ketel uap menika sumuping toya saking mesin ketel uap dipun ilek-aken ing drem kangge mangsak dangsul ngginaken pralon. Bentering sumup menika ingkang ndamel toya ing drem dados umep saengga dangsul dados empuk. Abdul Karim nambahaken bilih piyambakipun sampun wiwit tahun sewu sangang atus wolung dasa gansgal ndamel tempe, lan sampun nggianken manekawerni piranti kanthi bahan bakar, solar, gas sarta kajeng. Saking pengalamanipun, bahan bakar saking kajeng ingkang gancar.
Saben dintenipun Abdul Kharim saged nelasaken bahan baken dangsul engga setunggal ton. Tempe menika dipun sade ing peken tradisionil ing laladan Kitha Ngayogyakarta menapadene Bantul.