TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Warga ing Kalurahan Pagerharjo, Samigaluh, Kulonprogo nggelar acara adat ingkang dipun tindaaken kangge mangayubagya ambal warsanipun kelurahan pagerharjo ngiras pantes nglestantunaken tradisi run temurun.
Manekawerni krida idpun tindaaken kangge mangaybagya ambal warsanipun Kalurahan Pagerharjo, Samigaluh, Kulonprogo ingkang kaping 78. Krida ingkang mendhet irah-irahan “bernapas budaya harmoni alam” menika idpun purwakani aknthi mendhet toya suci saking tigang sumber toya. Krifda menika idpun tindaaken minangka wujud pakurmatan dumateng gusti ingkang murbeng dumadi. Salah setunggaling sumber ingkang kaginaaken kangge ritual menika ing sendang watu gede ingkang mitirit warga sendang meika umuripun sampun ngancik 300 tahun langkung. Toya menika wau lajneg dipun betha dateng ing balai desa. Wonten ing balai desa menika sedaya warga sami kempal lan ngunjukakan donga sesarengan. Sasampunipun menika warga lajeng nindaaken acara kembul bujono ingkang laeng dipun tutup kanthi wontenipun ringgit wacucal sedalu natas. Wontenipun acara menika ing pangajab supados warg amasyarakat tansah njagi lestantunipun lingkungan ingkangw onten ing desa menik akangge dopun mupangataken sak-sae-saenipun amrih lestantun ngantos dumugi generasi saklajengipun.