TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Sekar bugenvile mankawerni menawi dipun rimat kanti sae kanyata ugi saged dados taneman klangenan ingkang damel sengsem sinten kemawon ingkang mirsani.
Nalika imng tahun wolung dasanan, sekar bugenvil mekaten mujudaken sekar ingkang kaloka sanget. Mboten namung saking jinisipun nanging ugi saking wrenrinipun ingkang damel sengsem. Kathah tiyang ingkang sami nanem sekar bugenvil menka jalaran cara ngrimatipun ugi gampil. Joko, warga Demangan Gadingsari Bantul ingkang sadanguning weal meniak ngrimnat taneman bugenvil ing pekawisan griyanipun waleh, bugenvil mekaten saestunipun mboten kalebet taneman rewel. Ngrinatipun ugi namung gampil jalaran mboten mbetahaken cara ingkang mirunggan, rabuk sarta nyoirani toya ugi sami mawon kaliyan taneman sanesipun. Nanging ingkag dados kunci utaminipun, rtaneman bugenvile menika saged nyekar kathah sarta werninipun ketingal mencorong namung jalaran dipun papanaken ing papan ingkang benter. Bugenvil remen sanget kaliyan sunaring surya. Menawi bugenvil dipun papanekn ing papan ingkang edhum, bugenvil mboten purun nyekar namung tuwuh ronipun. Langkung tancdes malih Joko ugi suka katrangan, piyambakipun remen nanem bugenvil menika sampun kawit dangu, mila ugi mboten maaiben menawi Joko gadah manakwrerni jinis bugenvil kanti werni ingkag bedha bedha. Ingkang damel sengsem, joko ugi gadah jinis bugenvil sekar tumpuk ingkang langkung ketingal rembuyung sekaripun. Saged kawuningan saged kawuningan, sekar bugenvile mekaten saestunipun ugi namung alit sanget, werninipun pethak lan, mapan ing perangan tengah, sawetawis ingkang werni werni menika saestunipun ron semu ingkang wujudipun kados sekar mila ugi kathah ingkang salah kaprah. Bugenvil kalebet taneman tahunan lan nyekar ing sepanjanging wedal menawi dipun rimat kanti leres.