Songgo Langit Herbal Ingkang Migunani

Songgo Langit Herbal Ingkang Migunani

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Menggahing tiyang jawi jaman rumiyin, taneman songgo langit sanes mujudaken taneman enggal. Taneman menika kathah dipun  tanem minangka pasren. Emanipun dereng kathah tiyang ingkang mangertosi bilih kanyata taneman sangga langit menika saged kangge usada asam urat.

Kados mekaten menika wujudioun taneman sangga langit utawi ingkang gadah nami ilmiah tridax procumbens. Tanaman ingkang mramnbat kanti werni sekar abrit meniak kawit jaman  rumiyin sampun kathah dipun dadoskaen taneman pasren ing griya, nanging emanipun dereng kathah ingkang mangertosi bikih kanyata taneman menika saged dipun dadoskaen  jampi herbal kangge ngusadani manekawerni sesakit ingkang murakabi, salah setunggalipun asam urat. Kathahugi ingkang nganggep songo langit mneika namung gulma ingkang mboten wonten nupoangatipun. Taneman asal saking amerika latin meniika ugi sampun kathah sumeebar ing pundi pundi papan. Songgo langit kalenet taneman ingkang remen sunaring surya lan saged tuwuh subur menawi dipoun rabuk kanti ajeg. Ing negari  tiongkok, songgo langit sampun limrah dipun dadoskaen jampi herbal nanging ing tanah jawi tasih sekedhik tiyang ingkang prurun mupoangataken taneman menika dados herbal. Carabipoun ugi mupangataken ronipoun ingkag dipun godog lan dipun ujuk kanti ajeg. Taneman sangga langit menika nalika jaman rumiyin kaloka snaget. Nanging saanpunipun kathah manekawerni taneman pasren import, sangga langit ugi saya dangu saya dipun supeaken tiyang, kamangka wujud sekaripun ingkang werni abrit murup mujudaken sekar ingkang endah menawi dipun dadoskaen  pasren ing griya, saya malih ron sangga langit mneika gadah cakrik ingkang bedha, mila ugi treo sanget menawi dipun dadsoaken  minangka klangenan ngiras pantes dados sumbering taneman herbal ing griya.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *