Taneman Balsa Acroma

Taneman Balsa Acroma

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Taneman balsa wedal sakmenika kathah dipun mekaraken dening para kadang tani ing lahan gesik bantul. Kejawi kajengipun pajeng awis, panyuwunan basal ing peken ugi mboten  nate seren.

Menawi dipun tingali sak tleraman, taneman balsa menika meh sami kaliyan taneman waru nanging kemawon ronipun langkung ketingal ageng lan genjah. Dumugi wedal sakmenika, balsa kawentar ngasilaken kajeng ingkang murakabi sanget ing donyaning industri.  Bedhanipun, kajeng menika entheng sanget mila ugi mboten maiben menawi kajeng balsa kathah dipun ginaaken kangge model miniatur pesawat, kerajinan sarta kebetehan packing ingkang nengenaken estetika. Kajeng balsa ugi kaloka minangka kajeng ingkang padet nanging gadah karakter ingkang bedha sanget. Inggih pawadan menika ingkang damel  donyaning kerajinan mboten saged uwal saking kajeng balsa. Kadang tani ing papan meika nanem taneman balsa wiwit saking winih ingkang dipun pundhut skaing laladan gesik. Taneman balsa menika saged inggil lan ageng. Umur gangsal dumugi sedasa taahun  mujudaken wekdal ingkang sae sanget  kangge panen kajeng balsa. Nanging wonten ugi ingkang panen namung umur tigang tahunan kemawon. Cara ngrimat balsa menika ugi gampil lan mboten mbetahaken cara ingkang mirunggan, ingkang wigati, taneman meniak  mboten rewel lan purun tuwuh kanti subur ing lahan gesik kanti catetan smapun ngantos telat anggenipun paring rabuk organik sarta nyiram toya jalaran taneman basal ugi  mbetahekn toya kathah.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *