Taneman Jarak Pager

Taneman Jarak Pager

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Pamirsa, taneman jarak pager kathah kathahipun ugi namung dipun dadosaken  taneman  kangge  ijem-ijem laladan kemaown kamangka saestunipun taneman menika ugi kebak mupangat minangka taneman industri lan taneman herbal.

Kados mekaten menika wujudipun taneman jarak pager. Saged kawuningan, tanemana jarak pager menika kathah tuwuh ing pekawisan menapadene kebon kangge taneman ingkang dipun dadosaken pager minngka bates. Dereng kathah ingkang mangertosi bilih taneman menika saestunipun ugi kebak mupangat. Lisah  ingkang dipun pundhut saking wiji jarak menika awis sanget lan migunani kangge  kabetahan industri, komestik menapa dnee donyaning pangusadan. Lisah ingkang kadanel saking wiji jarak ingkang dipun suling dipun sebat lisah kastor. Mboten namung menika, perangan ron jarak kanyata ugi kathah dipun mupangataken dneing para herbalis sarta pangusada tradisional kangge bahan obat. Ron jarak ngandet setunggaling senyawa kimia aktif kadosta alkaloid, astraagalin, fitonutrien  nicotiflorin, kaemferol ingkag miginani sanget ing donyaning pangusadan. Ron jarak menika ugi asring dipun dadoskaen minangka obat sakit waja, sakit padaran,  sariwawan  sarta damel timbangipun kadar gendis ing rah. Skaing sakathahing mupangat menika, temntunipun eman sanegt menawi taneman jarak mekaten  dipun kendhelaken tanpa dipun mupangataken.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *