TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Minagka pamekaraning wisata Kembang Tebu, warga mekaraken jujugan wisata tilasing perkebunan tebu ing Jatimulyo, Girimulyo Kulonprogo, dados agrowisata edukatif kanthi manekawerni taneman woh-wohan.
Lahan tilasing perkenbunan tebu, ingkang rumiyinipun mujudaken jujugan wisata kembang tebu ing Jatimulyo, Girimulyo Kulonprogo wekdal sakmeniak sampun ewh mupangatipun dados lahan taneman woh-wohan. Ewah-ewahan menika mujudaken krida ingkang methok sabnget kangge nikelaken potensi lahan lan paring alternatig utawi pilihan wisata enggal dhumateng warga masyarakat. Lahan ingkang wiyaripun udakawis poitulas hektar, kanthi sesawangan ingkang endah menika wiwit dipun tanemi mankeawerni taneman woh-wohan wiwit saking wit duren, alpukad, nangka, kates kalifornia, jambu sarta melon lan semangka. Waji saeneh pengelokla lahan mratelaken bilih lahan kasa desa meniak dipun sewa dening petani milenial saking pondok pesantren ing laladan Sleman. Pamiliohan jinis taneman woh-wohan menika dipun jumbuhaken kaliyan kontur siti lan iklim kangge mesthekaen asilipun saged maksimal. Kanthi wontenipun taneman woh-wohan menika kajab saged paring nilai ntambah ekonomi ingkang lumintu. Kebun woh-wohan menika samangkenipun ugi saged dados jujugan agrowista edukatif. Menawi sampun saged dipun panen para tamu saged amirsani kaendahaning pareden menoreh sinambi methik woh langsung saking witipun, sinau cara budidaya taneman woh-wohan, engga swa poto ing spot spot ingkang insntagramable. Srana panyengkuyung ugi sampun cumwis wiwit saking gazebo, parkir, papan paturasan. Wontenipun transformasi utawi ewah-ewahan alih fungsi lahan saking perkebunan tebu dados taneman wogh-wohan menika kajab saged nikelaken raharjaning masyarakat ing sakiwatengenipun lumantar pemberdayaan ing saklebeting nggulawwenthah kebon lan kadadosan wisata, ngiras pamntes dados model pameklaring wisata berbasis tetanen ingkang berkelanjutan ing Kulonprogo. Ing jangka wekdal tiga engga gangsal tahun mangajeng, jujugan wisata menika kadugi sampun badhe lumampah kanthi sae.