TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Taneman bromelia, ingkang gadhah manekawerni ron lan sekar, saged dipun dadosaken taneman hias kangge ngrengga pekawisan lan taman. Cara mbabaripun lan cra ngrimat ingkang gampil, taneman menika ugi saged dipun dadosaken wiwitan usaha taneman hias.
Bromeliad mujudaken salah setunggaling taneman ingkang tasih setunggal genus kaliyan taneman nanas. Taneman menika kathah dipun eremeni sutresnanipun jalaran wernining ron sarta sekaripun ingkang endah, lan manekawerna. Taneman menika mujudaken taneman asli saking amerika, ananging sakmenika ugi sampun sumebar ing sadengeh laladan. Taneman menika cocok dipun tanem saking dataran andhap dumugi laladan pareden kanthi intensitas sunaring surya ngancik sewidak persen. Seto gunawan saweneh pembudidaya taneman hias saking Srandakan Bantul mratelaken bilih cara budidaya taneman menika ugi meh sami kaliyan nanas, saged nginaken anakanipun. Menggah caranipun anakan saged dipun pothel saking indukanipun, saklajengipun dipun tanem, ing pot ngginaken media tanem pakis, rabuk organik lan siti. Kajawi menika ugi saged dipun templekaken ing setunggaling wit ingkang sipatipun epifit. Miturut seta gunawan taneman menika kirang remen toya, menawi nyiram cekap dipun siram saking perangan pucuk supados saged mili dateng ing ketiak daun. Siraman toya wau dados cadangan menawi sakwanci-wanci taneman menika mbetahaken toya. Supados saged ngasilaken ron bromeliad ingkang endah, traneman menika langkung prayogi dipun papanaken wonten papan ingkang sunaring surya cekap. Salah setunggaling kupiya kangge ngendaleni wontenipun ama inggih menika kanthi njagi karesikaning taneman mliginipun media tanam kedah resik saking gulma. Wekdal sakmenika bromelia gadhah atusan varietas, jalaran taneman menika saged dipun kawin silangaken, saengga tuwuh varietas-varietas enggal. Ing peken taneman menika dipun kerta aji watawis 100 ewu rupiah gumantung kaliyan ukuran, jinis lan keunikanipun.