TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Kates jingga lokal kalebet satunggaling jinis taneman woh ingkang pinunjul lan genjah. Emanipun wedal samenika ugi sampun awis awis dipun budidaya, kamangka raos lan reginipun ugi mboten kawon kaliyan kates calina menapadene california.
Budidaya kates jingga lokal kepetang mboten angel. Jinis pala gemandhul menika mila dados satunggaling taneman woh-wohan ingkang pinunjul, jalaran saged mawoh kathah. Wohipun mboten ageng sanget, nanging dagingipun kandel, raosipun legi lan mboten gampil bosok. Inggih amargi pawadan menika, suparman saweneh kadang tani ing laladan ngepas lor sleman nindaaken budidaya taneman woh kates ing lahan pesisir. Sampun sawetawis wekdal piyambakipun nanem kates menika lan asilipun kapetang sae. Ananging emanipun pengaosipun sakmenika mandhap sepalihipun. Menawi sekawit tigang ewu rupiah setunggal kilonipun, sakmenika mandhap dados setunggal ewu gangsal atus rupiah sekilonipun. Supados tuwuhipun sae, kadang tani tansah njabeli suket utawi gulma ingkang tuwuh ing sa kupenging taneman kates , supados mboten nyerot rabukipun. Kamnti ajeg kadang tani nyukani rabuk organik saking bucalan rajakaya kanti takertan ingkang timbang. Ingkang kathahipun kalih atus seket gram saben setunggal menawi kangertosan wontenipun ama, kadosta jamur, taneman lajeng dipun semprot fungisida.