TVRI YOGYAKARTA NEWS – CITIZEN JOURNALISM
Kangge ngedhakaken stunting ing laladanipun, warga masyarakat saking Tambak Sari, Binangun, Bantar Sari, Cilacap nindaken usaha budidaya lele teknologi bioflok.
Blumbang lele teknologi bioflok ingkang dipun kemonah dening kelompok tani minat sejahtera saking dusun tambak sari, desa binangun, bantarsari kabupaten cilacap mehnika, minagka srana anyengkuyuing program pamarintah nyekapi gisi lan ngedhaakken stunting. Kelompok tani minat sejahtera piyambak madheg riokala tahun kalih ewu wolu las kapengker, ingkang nindaken usaha budidaya ulam lele kanthi mupangtakeken lahan pekawisanipun warga. Ananging nalika mangsa ketiga dados pepalang ing saklebeting nindakjen usaha budidaya lele kala wau jalaran sisahing toya. Wusananipun kelompok tani minat sejahtera ndamel blumbang bioflok ingkang modern program saking kementrian perikanan dan kelautan ngginaken terpal bunder saengga lahan ingkang dipun mupangataken ugi mboten kedah jembar. Ing lahan ingkang ciut kemawon usaha budidaya lele bioflok saghed katindaaken. Blumbang bioflok menika cara ngrimatipun gampil, ulam leel ingkang dipun budidaya cekap dipun sukani pakan kaping kalih enjing lan sonten. Kajawi menika, sanitasi utawi karesikaning toya ugi gampil anggenipun ngontrol, menawi toya sampun reget saged langsung dipun gantos. Saking asiling usaha budidaya ulam lele bioflok menika kanyata asilipun ugi maremaken lan saged kangge nyekapi kabetahan gisi warga masyarakat. Ulam lele menika dipun sade kalih dasa ewu rupiyah saben sekilonipun, lan saged kajangko dening warga. Kadus Tambaksari Suyitno mratelaken bilih wekdal sakmeniak wonten wolung blumbang ingkang dipun kemonah dening kelompok tani minat sejahtera. Saben blumbang dipun isis kalih ewu gansagl atus lele. Suyitno, ngajab kanthi wontenipun kelompok tani budidaya kolam lele bioflok menika kabetahan gisi lan angka stunting ing laladanipun saged medhak jumbuh kaliyan program pemerintah pusat.
Kridhaning kelompok tani menika ugi pikantuk kawigatoan lan panyengkuyung saking warganing DPR RI Komisi sekawan Teti Rohatiningsih, ingkang mertinjo langsung lan amirsani blumbang ulam bioflok ing Dusun Tambaksari.
Piyambakipun ngajab blumbang ulam menika saged saaya ngremabaka lan lumintu lan dipun tiru ing klempakan sanesipun ing laladan cilacap kangge ngendhaleni stunting lan nikelaken gisi masyarakat.