Gotong Royong Reresik Masjid

Gotong Royong Reresik Masjid

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Para pamirsa, gansal dinten ndungkap tumapaking wulan siyam warganing masyarakat   Padukuhan Mrunggi, Sendang Sari, Pengasih Kulonprogo sami ngadani kerja bakti utawi gotong royong ngersiki masjid lan sakiwatnegnipun.

Kados mekaten kridhning warganing masyarakat saking Padukuhan Mrunggi, Sendang Sari, Pengasih Kulonprogo, mliginipun saking RT nem likur nalika nindakaaken gugur gunung utawi gotong royong, ngersiki Mesjid Al-Mutaaqin ingkang samangkenipun badhe kaginaken kangge manekawerni krida ing wulan suci rmadhan. Kanthi suka renaning manah lan greget gotong royong ingkang inggil warga masyarakat mboten sami sambat menapadene nggresula. Krida rteresik mesjid menika meh sedaya perangan kadosta jrambah, papan kangge wudhu, plataran parkir engga iklen-ilen ingkang wonten. Mekaten ugi karpet ingkang wonten ugi dipun kumbah. Ketua RT nem likur Suryanto, ngandaraken bilih wulan ramadhan mujudaken wulan suci, wulan ingkang dipun agungaken dening umat msulim, awit saking menika sampun sakmesthinipun dipun pahargya kanthi sukarena, kanthi reresik masjid lan lingkunagnipun, jalaran karesikan mekaten ugi mujudaken peranganing iman.  Mahargya wulan suci umat islam kajawi reresik mental, phisik lan kasarsan, karesikaning papan ngibadah ugi kedah dipun gatsoaekn saengga saged langkung khusuk anggenipun ngibadah. Menawi kawontenan mesjid resik umat muslim ingkang badhe nindaken ngibadah  sholat wajib, tarawih lan tadarusan sadangunipun wulan suci ramadhan ugi badhe sekeca.

Dipun pratelaekn bilih  ing laladan Padukuhan Mrunggi saben ngajengi wulan suci ramadhan  ingkang dipun punjeraken ing masjid, warga amsyarakat tansah nnindaken gotong royong, kalebet ing tahun menika.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *