Warga Yapah Nglestantunaken Nyadran

Warga Yapah Nglestantunaken Nyadran

TVRI YOGYAKARTA NEWS – MUCHAMMAD RIDWAN

Dumugining wekdal sakmenika warga Padukuhan Yapah Kalurahan Sukoharjo Kapanewon Ngaglik Sleman, tasih nglestantunaken upacara tradisi nyadran ingkang dipun gelar saben wulan syakban utawi ruwah.

Upacara tradisi nyadran Padukuhan Yapah menika sinartan atusan warga masyarakat saking Padukuhan Yapah wiwit saking para lare engga tiyang sepuh. Tradisi nyadran dipun purwakani kanthi kirab budaya ingkang dipun regengaken wontenipun kirab gunungngan, jodang lan bergodo singonolo. Ing kirab menika ugi dipun kirab pusaka arupi Al-Quran ingkang mujudaken tilaranipun leluhur padukuhan yapah. Upacara tradisi nyadran ing Padukuhan Yapah menika dipun punjertaken ing Lapangan Pasareyan Gempol ingkang mapan ing sak tengahing dusun yapah. Ing papan mneika sedaya warga masyarakat Padukuhan Yapah sami munjukaken donga kanthi tahlil lan dzikir ingkang ganjaranipun katujokaken dumateng kyai singonolo ingkang mujudaken cikal bakal padukuhan yapan lan para leluhur padukuhan yapah ingklang sapun kundur wonten ing jaman kalanggengan jati. Kanthi mendet irah – irahan sadumuk bathuk sinyari bumi ditohi pati, dipun ajab upacara tradisi nyadran menika kajawi mujudaken birul walidain dumateng para leluhur, ugi mujudaken krida kangge ningkataken talining silaturahim ing antawisipun warga masyarakat. Upacara tradisi nyadran ing padukuhan yapah menika ugi dipun isi mawi pengaosan ingkang dipun asta dining ustad misbakul anam saking Jombor.

Upacara tradisi nyadran Padukuhan Yapah dipun pungkasi kanthi kembul bujono sedaya warga masyarakat, rebatan gunungan ingkang dipun damel saking manekawerni woh – wohan lan asil bumi sanesipun,  lan nyekar ing pasareyan para leluhuripun piyambak – piyambak. Warga ngajab upacara tradisi nyadran saget lumampah saben tahun lan langkung regeng malih.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *