Anggur Brasil ing Mangsa Rendheng

Anggur Brasil ing Mangsa Rendheng

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI

Para pamirsa, taneman anggur brasil ingkang aslinipun saking laladan Amerika kanyata ugi saged tuwuh subhur ing Indonesia. Caraning ngrimat taneman menika gampil, lan mawohipun nylandri mboten gumantung kaliyan mangsa.

Anggur brazil utawi ingkang asring sinebat jaboticaba mujudaken salah setunggaling jinis who-wohan ingkang wohipun kados who anggur.  Taneman menika saged tuwuh kanti subur ing iklim tropis saengga menawi dipun budidayaaken saged dados woh-wohan ingkang pinunjul lan gadhah bobot ekonomi inggil. Ing pekenan who anggur Brasil menika ngancik satus ewu rupiyah saben sekilonipin. Benten kaliyan anggur umumipun, anggur brasil menika mujudaken taneman perdu lan wit ipun saged ageng sarta kathah cawangipun, ing saben cawang lan wit menika wohipun sami medal. Sekaripun kadosdene sekar jambu klutuk, sawetawis daging wohipun wernipun pethak. Nalika tasih enem who anggur Brasil menika werni-nipun ijem lan menawi sampun mateng dados ungu. Who anggur brasil menika raosipun kecut, manis lan seger, kadosdene manunggalaken antawisipun raos anggur lan leci. Agus Cholik, pembudidaya taneman anggur Brasil saking Tridadi Sleman mratelakaken bilih, nanem anggur brasil menika kapetang radi dangu  agengipun. Supados cepet ageng dipun betahaken cara nggulawenthah ingkang mirunggan kalebet rabukipun.

Anggur Brasil menika kajawi saged ing lahan konvensional menapadene ing setunggaling pot. Saking pengalamnipun taneman anggur Brasil menika wiwit mawoh sasampunipun nem tahun dipun tanem. Kajawi gadhah cakrik wit ingkang kathah cawang lan endah saengga gadhah bobot esetika, jaboticaba menika gadhah mupangat kangge kasarasan, jalaran ngandut anti oksidan ingkang inggil.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *