TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Panyuwunan peken jambu kluthuk kristal unggul dumugi wedal samenika kapetang tasih inggil, nanging emanipun, dereng kathah tiyang ingkang mbudidayaken taneman menika.
Jambu klutuk jinis kristal mujudaken salah satunggaling who-wohan ingkang dumugi wedal samenika tasih kathah dipun padosi tiyang jalaran raosipun ingkang manis kanti tekstur kadosdene who pir. Jinis jambu kristal menika tasih kalebet komoditas unggulan lan dereng kathah dipun budidayaken dening warganing msyarakat. Salah setunggaling laladan ing Ngayogyakarta ingkang saperangan warganipun sampun wiwit nanem jambu kristal inggih menika ing Turi Sleman, wit jambu kristal ugi kathah dipun tanem ing pekawisan minangka kupiya nikel-aken mupangating lahan. Bandono saweneh warga mratelaken nindaken usaha budidaya jambu kristal menika gampil kadosdene menawi badhe nanem jambu kluthuk sanesipun. Taneman jambu kristal menika kajawi saged dipun tanem ing lahan konvensional ugi saged dipun tanem ing setunggaling pot. Taneman jambu kristal menika saged dipun damel kathah utawi dipun babar lumantar cara stek menapadene cangkok. Taneman jambu kristal menika ugi cepet mawohipun, kalih wulan saking cangkok padatanipun sampun mawoh. Supados cawangipun kathah, setunggaling cara ingkang saged dipun kupiyaken inggih menika pang ingkang wonten dipun tiyungaken lan dipun tangsuli supados mboten wangsul dados jejeg malih. Saking sak ngandhaping ron menika padatanipun badhe tuwuh pang enggal. Sawetawis kangge njagi bobot saenipun jambu, wiwit jambu menika tasih pentil kinten-kinten umur kalih minggunan, kedah dipun mbrongsong supados mboten dipun pencoki laler woh ingkang wusananipun saged nigan ing salebeting woh jambu lan ndadosaken bosok. Kanti dipun brongsong, kejawi jambu saged wetah mboten dipun tedha ama, werni kulit jambu ugi saged ketingal langkung resik. Sekilo jambu kristal ing pekenan ngancik kalih dasa ewu rupiyah.