TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Para pamirsa, usaha kerajinan alumunium, dumugining sakmenika saya ngrembaka, kajawi ing laladan Kitha Ngayogyakarta, usaha menika ugi sampun ngrambah ing Padusunan Sewu, Mriyan, Timbulharjo Sewon Bantul.
Kados mekaten menika cakrik kerajinan ingkag dipun asialekn dening Harto saweneh pengrajin aluminium saking Padusunan Sewu, Mriyan, Timbulharjo Sewon Bantul. Saking asiling cipta rasa lan karsanipun menika kasil dipun damel arupi cithakan kangge ndamel cara, apem engga takoyaki. Harto piyambak sampun ngayahi pedamelan minagka pengrajin alumunium menika wiwit pitung tahunan kapengker, saderengipun ing papan menika piyambakipun ugi sampun makarya ing punjering kerajinan aluminium ing laladan Nitikan Umbulharjo Kitha Ngayogyakarta. Ndamel kerajinan saking bahan baken alumnium menika pancen mbetahalen setunggaling cara ingkang mirunggan, bahan baken alumunipun saklajengipun dipun besem dados cuwer. Saklajengipun cuweran saking alumunium menika, dipun cithak ing setunggaling siti ingkang dipun pendet saking sitio ing sak ngandhaping dapuran deling. Rikala dumados pageblug Covid-19 piyambakipun saben dinten saged ndael kalih atus dumugi tigang atus iji cithakakn, ananging sakmenika naming satusan biji kemawon.
Asiling kerajinan menika sampun dipun pendet saking pengepul, ingkang saklajengipun dipun sade dumugi saindenging nuswantara. Pengaosing kerajinan menika wiiwt saking tiga likur ewu dumugi tigang dasa kaolih ewu rupioyah saben ijnipun saking pengrajin.