Panen Pohung Kalimantan

Panen Pohung Kalimantan

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Pohung ingkang sampun dangu mujudaken setunggaling sumber karbohidrat, sakmenika kathah ingkang mekaraken dados sumber pangan alternatif, salah setunggaling jinisipun inggih menika jinis telo Kalimantan.

Kados mekaten wujudipun pohung utawi tela kaspa jinis Kalimantan ingkang dipun budidayaaken dening kadang tani ing Dusun Kalirase Trimulyo Sleman. Sampun sawetawis wekdal piyambakipun budidayaaken tela jinis menika amargi nggadahi sawetawis kelangkungan. Salah setunggalipun inggih menika gunggungipun umbi ingkang kathah saengga saged nikelaken asil produksi lan bebathen ingkang inggil. Ananging emanipun ing wekdal sakmenika pengaosing pohung mandhap, setunggal kilo namung dipun kerta aji 3 ewu rupiah saking kadang tani. Mandhapipun regi pohung menika amargi kathahpun pasudiyan ing pekenan amargi nyaerengi panen raya. Kawuningana bilih ing laladan turi meika kathah kadang tani salak ingkang sami ngrombak wit salakipun lan dipun gantos nanem tela pohung. Tela pohung Kalimantan menika nggadahi ciri perangan bonggolipun ingkang lurus. Cara budidayanipun ugi sami kaliyan jinis tela sanesipun inggih namung ngginaaken kethokan pang-ipun lan dipun tanem mekaten kemawon ing lahan. Kados kawuningan bilih tela menika mujudaken asil tetanen ingkang anggenipun ngrimat kapetang gampil. Rabuk ingkang dipun ginaaken inggih namung rabuk kandang. Salah setunggaling pepalang inggih menika wontenipun jawah ingkang asring dumados ing wekdal sakmenika. Awit saking menika padatanipun kadang tani ndamel bedengan ingkang radi inggil supados toya jawah menika mboten ngembeng wonten ing lahan, ingkang wusananipun saged ndamel umbi tela menika lajeng bosok katerak ama. Tela gadahanipun menika sampun ngancik umur 7 wulan sejatosipun sampun saged dipun panen, ananaging piyambakipun langkung milih nunggu sawetawis wekdal supados tuwuhipun tela saged maksimal. Menawi sampun panen adatipun sampun wonten bakul ingkang ndatengi lahan menika.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *