TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Para pamirsa, taneman kara pedang kanyata ugi gadhah kalodhangan ingkang sae, wohipun saged dipun olah dados manekawerni daharan menapadene kangge bahan pokok kosmetik.
Kara pedang mujudaken salah setunggaling jinis taneman ingkang kathah dipun tanem dening kadang tani ing laladan Kabupaten Kulonprogo, ananging sakmenika ugi sampun sumbrambah ing saindenging Ngayogyakarta. Kados ingkang dipun tanem dening setunggaling kadang tani ing laladan selomartani kalasan menika. Taneman kara pedang dipun tanem wonten ing sakpinggiring sabin. Bab menika kanyata saged kangge nikelaken asil produksi kanthi mupangataken siti ingkang wonten ingkang cupet. Wiji kara pedang menika ukuranipun langkung ageng tikel kaping gangsal kapandhingaken kaliyan wiji dangsul. Kacang kara pedang menika kandhutan gisinipun ugi meh sami kaliyan dangsul, sawetawis protein lan karbohidratipun inggil lan lemakipun namung andhap. Sanadyan smapun wonten ingkang wiwit nanem ananging gunggungipun dereng kathah, jalaran kaanggeb mboten gadhah bobot ekonomi, kamangka kara pedang menika ugi saged dipun dadosaken penggantos dangsul menapadene bahan olahan daharan sanesipun. Kacang kara pedang saged dipun olah dados manekawerni produk olahan pangan ingkang dipun remeni dening masyarakat. Pengaosipun ingkang langkung mirah kapandingaken kaliyan regi dangsul, kanthi mekaten kacang kara pedang saged dipun dadoaaken penggantos dangsul ingkang pengaosipun tansah mindhak, saengga nindaken usaha budidaya kara pedang temtunipun ugi gadhah pangajeng-ajeng ingkang sae. Cara mbabar taneman menika ugi gampil, kacang kara ingkang sampun tuwa lan garing dipun tamen ing polibag saampunipun setunggal minggunan sampun tuwuh, kanthi panyiraman ingkang ajeg. Taneman kara pedang menika sampun saged mawoh ing umur setunggal setengah wulanan.