Bendung Sapon Ingkang Migunani

Bendung Sapon Ingkang Migunani

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Wiwit pungkasaning taun 2010 kapengker, ilen-ilen ing laladan Lendah Kulonprogo kaajab saged dados piyendelipun kadang tani, ing salebeting mekaraken olah tetanen.

Kados mekaten menika wujudipun bendung sapon ingkang wonten ing Dusun Sapon  Sidorejo Lendah Kulonprogo. Bendung ingkang wiyaripun kalih ewu kalih atus seketan hektar menika, pancen murakabi sanget menggahing pagesangan warga ingkang dedunung ing sak kiwa tengening bendung. Mboten kemawon ing babagan kangge nrenggalani bena ageng, nanging ugi minangka sumber piyamdel toya irigasi ingkang migunani sanget kangge para kadanag tani. Bendung ingkang dipun kepyaaken ing tahun kalih ewu sedasanan meniak, wedal sakmenika tasih karimat sae. Kepara saben soten ugi dados jujuganipun warga kangge ngenggar enggar penggalih sesarengan kaliyan momong lare. Saged kawuningan, bendung ingkang  dipun bangun kanti kontrusksi modern menika wusananipun ugi dados sangga toya  kangge lahan olah tetanne ingkang wiyaripun sewu sangang atusan hektar. Lumantar bendung menika asil panen pantun ugi ketinggal mindhak jalaran  pasokan toya irigasi ingkang kacekapan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *