TVRI YOGYAKARTA NEWS – ENDAH NAWANGSARI
Embung nggadhahi mumpangat ingkang kathah tumrapipun warga kalebet Embung Tlogoguwo ingkang wonten ing Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo Jawi Tengah.
Saking sakathahing embung ingkang wonten, salah setunggalipun inggih menika Embung Tlogoguwo ingkang dumunung ing Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo Jawi Tengah, Embung Tlogoguwo wiyaripun gangsal atus meter pesagi, lebet sekawan setengah meter ingkang dipun bangun rikala tahun 2021. Eko minangka salah setunggaling warga ingkang dedunung ing sa pinggiring embung mratelakaken bilih kathah mumpangat ingkang saged dipun raosaken kanthi wontenipun embung menika, salah setunggalipun toya ilen-ilen kangge sabin ipun menika, langkung gancar.
Toya ing embung menika ugi saged kangge sumber toya kangge pitung kecamatan ing wewengkon Kabupaten Purworejo, toya ingkang mili ing embung menika saking toya tuk pareden kali kalong. Ing embung menika ugi dipun dadosaken papan wisata mancing lan ngenggar enggar penggalih, kanthi girik gangsal ewu saben tiyang. Ing embung tlogoguwo dipun sebar ulam nila lan mujaher gunggung pitung kwintal lan ing pitung wulan mangke saged dipun pancing. Toya ing embung menika mboten nate asat, saenggo sabin-sabin ingkang wonten ing sa kiwa tengenipun mboten nate kekirangan toya sinaosa mlebet ing mangsa ketiga.