TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Ewonan warga masyarakat, ngebaki p[eken mirah ingkang dipun gelar Dinas Perdagangan dan Perindustrian DIY, ing laladan Pengasih Kulonprogo. Kating regi anatwisipun tigang ewu dumugi sekawan ewu rupiyah, warga sami rila sek-sekan ngantri engga setunggal jam langkung supados pikantuk bahan pokok mirah.
Kados mekaten menika swasana peken mirah ingkang dipun gelar Dinas Perdagangan dan Perindustrian DIY mapan ing Kapanewon Pengasih Kulonprogo. Ewonan warga ketingal sesk-sekan ngebaki lapak distributor inbgkang nyade bahan kabetahan pokok. Ngginaken mobil nak, wonten kalioh welas ton bahan pokok kadposta wos, lisah goreng, tigan glepung trigu brambet engga gendhis pasir dipun cawisaken dening pamarintah. Kanthi regi langkung mirah tiga engga sekawan ewu rupiyah kapanbadiongaken regi ing peken, warga rila ngantri setunggal jam langkung supados pikantuk bahan kabetahan pokok ing wulan suci ramadhan menika. Pamarintah lumantra Dinas Perdagangan dan Perindustrian DIY sengaja nggelar peken mirah menika mingaka penranganing krida ngirangi inflasi, ngiras pantes nyekapi kabetahan pokok kanthi regi ingkang mirah.
Kajwi ing laladan kulonprogo, peken mkirah menika ugi badhe dipun dabi ing sawetawis laladan sadangunipun wulan ramadhan. Kanthi wontenipun peken mirah menika inflasi saged dipun kendaleniu, lan masyarakat kabiyantu ing saklebeiing nyekapi kabetahan padintenan.