TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI
Dangu mboten mandhap jawah, lahan taneman kacang brol gadhahanipun kadang tani ing Kapanewon Wonosari Gunungkidul wiwit kekirangan toya. Supados saged tuwuh sae, kadang tani kapeksa ngoncori lahanipun mawi sumur bur.
Sasampunipun namem pantun, kathah lahan tetanen ing kalurahan karangrejek, wonosari, dipun tanemi kacang brol. Ananging mlebet ing tengahjaning wulan Maret menika, kawontenaning lahan sampun wiwit garing, jalaran sampun seminggunan menika mboten mandhap jawah. Supados taneman kacangipun saged tuwuh sae, kadang tani saklajengipun mupangataken sumur bur ingkang dipun damel ing sakpinggiring lahan kangge ngoncori lahanipun. Kados ingkang katindaken dening Satimin menika, taneman kacang ingkang nembe seminggunan kedah pikantuk toya supados saged tuwuh. Mbethaken setunggal jaman supados lahan ipun radin toyanipun. Menggah beya nipun ngancik sewidak enem ewu saben setunggal jam kangge tumbas bbm. Kadang tani ngajab jawah mandhap malih ing laladan menika, satemah saged ngirit beya kangge irigasi ing lahanipun. Kajawi dipun tanemi kacang, kathah lahan ingkang dipun tumpangsari kaliyan taneman jagung.
Kapilihipun kacang brol menika jalarean gampil ngrimatipun, lan ngirit rabuk. Kacang brol menika dados taneman selingan sinambi nengga datengiopun mangsa tanem janganan.