TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Para pamirsa, ing wulan siyam menika mbeta berkah tumprapipun pengrajin cendol dawet, ingkang panyuwuananipun mindhak engga satusan persen.
Saweneh pengrajin dawet ingkang ketiban berkahing wulan suci ramadhan inggih menika wagimin, saking Bandaran Tamantirto Kasihan Bantul. Cendol dawet menika dipun damel saking sari pati wit aren utawi ingkang asring dipun sebat pathi onggok. Wagimin mratelaken bilih ing wulan ramadhan menika mujudaken wekdal ingkang dipun antu-antu, jalaran panyuwunan cendol dawet menika mindhak engga satus persen langkung. Menawi saderengipun wulan ramadan saben dintenipun panyuwunan naming gansal dumugi pitung kilonan kemawon, ananging sakmenika sekedhikipun kawan welas kilo. Cendol dawet ingkang dipun damel menika, saklajengipun dipun sade ing peken gamping.
Menggah caranipun ndamelcendol dawet menika mebtarahaken cra ingkang mirunggan. Pati onggok langkung rumiyin dipun campur mawi toya, lan dipun aduk engga radi, lan dipun leremaken udakawis gangsal welsan menit. Saklajengipun bahan kala wau dipun lebetaken ing toya ingkang benter, miturut wagimin bentering toya menika kedah pas menawi mboten pas asilipun kirang sae, jladrenan pathi menika saklajengipun dipun godhok sinambi dipun aduk-aduk engga manunggal udakawis gansgal dumugi sedasanan menit. Sasampunipun mateng nembe dipun cithak nggioanken cithakan mirunggan kanthi cakrik kothak ingkang ngandapipun sampun dipun bolongi. Ing sak ngandhaping dipun sukani ember ingkang dipun isi toya asrep. Cithakan wau saklajengipun dipun plenet sengga cendol saged medal. Setunggal kilo pathio onggok, saged dados kalih dasanan plastik ingkang dipun sade kalih ewu saben ijinipun. Cendol menika padatanipun dipun sae kangge unjukan buka siyam jalaran raosipun manis lan nyegeraken, kajawi cendol saking pati ongok, wagimin ugi mywisaken jejangkeping unujakn es kadposta rumput laut, cincau engga kolang-kaling.