Wana Wisata Cemara Sembung

Wana Wisata Cemara Sembung

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Para pamirsa, menawi panjenegan badhe ngrasosaken segereing hawa ing sak ngandhaping wit cemara, panjenengan mboten kedah ngendangi pesisir seganten, anangiung saged ngendhangi wana cemara sembung.

Wana cemara sembung dumunung ing Padusunan Sembung, Balecatur, Gamping Sleman. Ing papan menika para pelancong saged mirsani taneman cemara udang ing lahan ingkang wityaripun udakawis kalih setenhgah hekatar. Jujgan wisata wana pinus sembung menika dipun mekaraken dening karang taruna padusunan sembung wiwit tahun kalioh ewu pitulas kapengker. Duk rikara dereng dumados pageblug Covid-19, jujugan wsiata meniak rame para pelancong sae menika saking laladan ngayogyaklarta kepara saking sak jawining laladan DIY. Ananging jalaran kadayan dumadosing Covid-19, jujugan wsiata meniak dados sepen saengga wulu wektu kirang wusananipun srana wisata ingkang sampun nate dipun bangun saperangan ugi sampun risak. Mbah Arjo sweneh warga ngandaraken bilih saderengipun dados wana cemara papan menika mujudaken setunggaling lahan ingkang bera, lan benter jalaran mboten wonten tanemanipun. Ananging dening saweneh warga  saklajengipun kalih dasa tahun kapengker, kupiya nanem taneman camara oing lahanipun. Dipun gulawenthah kanthi estu, taneman cemara menika saged tuwuh kanthi subur. Warga masyarakat ing sakaiwategnegnipun ugi rumos remen jalaran kaajwi akwontenan laladan dados edum, sarta hawa ingkang seger, wontenipun tanheman cemara menika ugi saged njagi konservasi toya. Kajawi taneman cemara, saklajengipun ing sak pinggiring lahan taneman cemara ugi dipun tanemi wit mahoni, warga masyarakat, mliginipun para wiranem badhe ndandosi papan menika malih, saengga samangkenipun ugi badhe narik pelancong ngendhangi papan menika, ingkang wusananipunsaged nikelaken drajat karaharjanipun warga masyarakat.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *