Anggrek Ekor Tupai

Anggrek Ekor Tupai

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Salah setunggaling jinis anggrek ingkang saged katanem ing pekawisan kangge ngrengga griya inggih menika sekar anggrek ekor tupai. Cara budidayanipun ingkang gampil saged dipun dadosaken setunggaling kalodhangan usaha ingkang asilipun mikolehi.

Sekar anggrek padatanipun kanthi cakrik setunggal ijiankanthinukuran ingkang ageng saengga saged narik kawigatosaning nga kathah jalaran kaendahanipun. Ananging jinis anggrek ingkang setunggal menika benten kaliyan anggrek sanesipun, jalaran ukuran sekaropun alit-alit nggrombol ndamel cakrik ingkang manjang lan menawi dipun tingali kadosdene buntut bajing itawi tupai. Eekaripun gadhah werni ungu, pethak engga jambon. Kathah warganing masyarakat ingkang nanem anggrek ekor tupai menika jalaran gadhah karakteristik ingkang kiyat, nyleneh, sarta cara nanemipun ingkang gampil. Taneman ingkang asli saking laladan asia menika gampil dipun babar kanthi mecah utawi split saking indukan, kajawi menika ugi saged kababar ngginaaken wijinipun ingkang sampun tuwa. Taneman anggrek ekor tupai menika, sipatipun epipit saengga taneman anggeek menika saged dipun templekaken ing setunggaling wit. Sawetawis menawi dipun tanem ing setunggaling pot ngginaaken pot saking gerabah kanthi media tanem saking pakis, menapadene siti ingkang subur, supados langkung gampilaken anggenipun nanem ugi saged ngginaaken media pakis ingkang sampun dados. Taneman anggrek ekor tupai menika mujudaken taneman ingkang mboten remen benter, ananging ugi mbethahaken sunar ingkang kiyat, awit saking menika taneman anggrek ekor tupai emnika kedah dipun papanaken ing panggenan ingkang eyup, ananging ugi pikantuk sunaring surya kanthi maksimal. Anggrek ekor tupai metahaken kelembaban ingkang inggil, pangrimatanipun kedah dipun sirami saben dinten sampun ngantos media tanemipun garing langkung langkung ing mangsa ketiga. Ing saklebeting nyirami dipun kupiyaaken mawi semprotan supados toyanipun mboten kekathahen, jalaran menawi klentu anggenipun nyirami resiku dumados bosok ing oyotipun. Menawi dipun openi kanthi estu, taneman anggrek menika ugi badhe nyekar kanthi maksimal lan temtunipun badhe ndamel maremipun pembudidayanipun. Taneman anggrek ekor tupai menika ugi gadhah bobot ekonomi saengga saeged dipun dadosaken setunggaling kalodhangan usaha kangge nambah wulu wektuning kulawarga.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *