Kolektor Dolanan Lami

Kolektor Dolanan Lami

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Awit karemenanipun dhumateng dolanan, saweneh warga saking Muja Muju Umbulharjo, Kitha Nagyogyakarta, kasil nglempakken dolanan jadul ingkang gunggunipun ngancik atusan iji, damelan tahun 1960 dumugi 1990-an.

Kados mekaten menika wujudaipun dolanan jaman rumiyin, ingkang dipun klempak-aken dening Supriyadi, warga saking Muja Muju Umbulharjo, Kitha Nagyogyakarta,  dolanan ingkang dipun klempakane wiwit tahun kalih ewunan menika damelan tahun sewu sangang atus sewidak engga tahun sewu sangang atus sangang dasanan. Dolanan koleksinipun Supriyadi menika saperangan ageng mujudaken dolanan tin toys utawi dolanan ingkang dipun damel saking bahan seng. Manekawerni jinising dolanan ingkang dipun klempakan antawisipun mobil-mobilan, robot, montor mabur, tank, engga bedil-bedilan. Dolanan menika dipun lamphaken wonten ingkang luamntar cara  dipun surung utawi friction, ngginaken kunci pemutar utawi wind up sarta ngginaken batu batrei iutawi baterei operated. Dolanan menika damelan saking mancanegari wiwit saking Jepang, Tiongkok, Hongkong, Jerman Barat, Italy engga Taiwan. Sedaya dolanan jadul gadjhahanipun supriyadi menika sedayanipun  tasih ing kawontenan ingkang sae, lan saged dipun lampahakken sedaya. Supriyadi mtarelaken bilih pepinginan nglempakaken dolanan menika linandesan jlaran nalika tasih alit, menawi badhe nyuwun dipun tumbas aken dolanan dhumateng tioyang sepuhipun mboten dipun turuti. Sasampunipun gadhah wulu wektu piyambak, supriyadi saklajengipun kadosdene ngesokaken pepinginan rikala tasih alit wau.

Supriyadi dereng marem, ing saklebeting nglempakken utawi ngoleksi dolanan jadul, piyambakipun tansah kupiya pados ingsadengeh papan. Dolanan jadul mekaten dados nostalgia utawi pangenget-enget rikla jman kawuri.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *