TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA
Para pamirsa, menawi panjenegan badhe mirsani sujarah sang juru gambar swargi tino sidin, panjenengan saged ngendhangi Museum Taman Tino Sidin ingkang dumunung ing Kampung Kadipiro, Ngestiharjo, Bantul.
Kados mekaten menika salah setunggaling cuplikan, nalika tono sidin mucal gambar ingkang dipun giyaraken ing TVRI. Cara mucalaken nggambar gampil dipun tampi dening sok sinteno kemawon ingkang nembe mirsani TVRI duk rikala jaman semanten. Juru gambar ingkang gadhah ciri mirunggan ntansah ngagem topi pet, brengos sarta kaca tingal, menika tansah dipun antu-antu dening pamirsa ingkang gadhah kejkejengan sinau nggambar kanthi cara ingkang gampil lan ngremenaken. Cuplikan video menikasaged dipun pirani ing Museum Taman Tino Sidin ingkang dumunung ing mergi Tino Sidin nomer kalih atus sangang dasa pitu, Kadipiro, Ngestiharjo, Bantul. Museum Taman Tino Sidin dipun bangun dening kulawarga swargi Tino Sidin minagka pangenget-enget duk rikala sugengipun dalah asil kinaryanipun seni lukis ing tahun tahun sewu sangang atus wolung dasanan. Museum ingkang dipun kepyaaken dening Menteri Pendidikan dan Kebudayaan RI Muhamad Nuh menika nyimpen manekawerni memorabilia Tino Sidin wiwt saking baretipun ingkang gadhah ciri mirunggan, kacamata utawi tesmak, cet, engga kuas ingkang nate dipun ginaken nalika piyambakipun mbabar cipta, rasa lan karsanipun. Mboten namung menika ing museum menika ugi kasimpen karya lukis, sketsa, buku, arsip pribadi, koleksi fot, kliping media massa, selebaran peristiwa, testimoni kerabat lan murid, engga partisara ingkang nate dipun tampi dening Tino Sidin katata kanthi rapi, njangkepi memori ingkang kasimpen ing bangunan museum, ngiras pantes papan padunungan menika. Benten kaliyan museum sanesipun ingkang ketingal menika, Taman Tino Sidin kepara ketingal nengsemaken, lan sosok sintena ingkang ngendhangi papan menika badhe ngrasoiaken kadosdene nalika mertamu. Titik Tino Sidin, pangarsa Museum Taman Tino Sidin ingkang ugi mujudaken putri kandungipun tino sidin, gadhah kekajengan saged nglempaakken video-video nalika ramanipun giyaran ing TVRI, kangge njangkepi koleksinpun.
Museum Taman Tino Sidin menika bikak dinten Senin engga setu tabuh sanga enjing dumugi tabuh tiga sonten.