Nanas Super

Nanas Super

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Saking saktahing jinis taneman hortikultura ingkang wonten, nanas jene ukuran jumbo dumugi wedal samenika tasih mujudaken komoditas ingkang gadah bobot ekonomi inggil. Kejawi pangrimatanipun gampil, taneman menika ugi kapetang produktif sanget.

Nanas jeje ukuran jumbo utawi asring dipun sebat nanas super wedal sakmenika tasih mujudaken setunggaling who-wohan ingkang kathah dipun padosi tiyang kejawi melon lan semangka. Penyuwunan peken ugi mboten nate sepen. Kejawi raosipun langkung legi, tekstur daging nanas super menika langkung kandel nanging alus. Kancil, warga Srigading Bantul ingkang sampun sawetawis wedal budidaya taneman nanas super waleh, saking siti ingkang wiyaripun sewu wolung atusan meter persagi, piyambakipun saged panen sasampunipun nanas menika dipuin tanem setahunan langkung, asil panen nanas super reginipun langkung inggil kapandingaken kaliyan nanas lokal menapa dene nanas madu menika sampun wonten ingkang nampi lumantar klempakan agro buah. Langkung tandes malih kancil ingkang ugi gadah kalaih ewu meter persagi kebon lombok waleh, pangrimatipun taneman nanas super mboten kados nanem jinis holtikurtura sanesipun ingkang ringkih katerak ama. Ingkang baku, kedah greteh anggenipun ngawekani wontenipun virus, jamur lan bakteri ingkang ngrebasa taneman nanas lumantar media siti, saya malih ing mangsa rendeng samenika, ugi njlentrehaken, kunci kasilipun mbudidaya nanas super, menika mboten sanes inggih menika perkaws rabukipun. Menawi badhe ngginaken rabuk organik saking bucalan lembu menapa dene mendha kedah ingkang sampun dados jalaran asring rabuk organik ingkang kirang sampurna wau dados media kangge tuwuhipun uret ingkang ngrebasa perangan oyot taneman.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *