Budidaya Ayam Kampung Sistem Umbaran Ngirit Pakan

Budidaya Ayam Kampung Sistem Umbaran Ngirit Pakan

TVRI YOGYAKARTA NEWS – MUCHAMMAD RIDWAN

Budidaya ayam kampung kanthi cara ing saklebeting nuikelaken rhrjaning kulawarga. Kajwi gampil ngrimatipun cara menika ugi ngirit beya pakan.

Budidaya ayam kampung kanthi cara dipun umbar, salah setunggalipun kanthi mupangataken ing pekawisan, griya. Kados ingkang katindaaken dening warga saking Dusun Kembang, Kalurahan Maguwoharjo, Kapanewon Depok, Kabupaten Sleman menika. Budidaya ayam kampungkatindaken kanthi mupangtaken wit minagka kangge mlangkring ayamipun, ing wanci ndalu. Sinaosa mboten kedah wonten kandang utami, pembudidaya kedah nyawisaken tarangan kangge nigan lan ngangkrem. Sedaya indukan ayam dipun jaraken ing lingkungan griya, budidaya ayam kampung cara menika asring katindaken kangge nambah wulu wektuning kulawarga, asilipun kajawi dipun sade ugi kangge nyekapai kabetahan gisi kulawarga. Ayam ingkang dipun yumbar menika badhe pados pakan piyambak ananging ugi dipun tambah pakan tambahan arupi dedak, janganan utawi sissa daharan kangge nyekapi nutrisinipun. Pangrimatan ingkamng sae, kalenbet kabetahan omben lan nyeghah sesakit mujudaken bab utami kasil ipun usaha budidaya ayam kampung knthi dipun umbar. Sasampunipun umur pitu engga wolung wulan siyam neika sampun aged dipun sade. Regi ayam kampung kapteng tasih inggil ngancik seket ewu rupiyah. Dagingipun langkung eca lan gurih kathah dipun olah dados manekawerni mangsakan kadosta soto lan opor.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *