Kuliner Tradisional Laris

Kuliner Tradisional Laris

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Kathah pelancong ingkang ngendhangi Kabupaten Gunungkidul ingkang sami pados dahran mirunggan ingkang dipun sade ing Rest Area JJLS Girisubo, Gunungkidul.

Kawontenan ingkang rame ketingal ing Rest Area Swanayasa ing Jalur Jalan Lintas Selatan JJLS Girisubo, Gunungkidul. Kathah warga sae menika pemudik menapadene pelancong ingkang mampir ing papan menika saperlu dahar menapadene sami ngaso sakderengipun glajengaken lampah. Kaawi kuliner modern, sawetawis pengelola griya dahar ugi kathah ingkang nyawisaken daharan tradisional lan dados pilihanipun konsumen. Dan ternyata menjadi favorit pilihan pembeli. Menu tradisional kdosta sayur lombok ijo khas Gunungkidul, sayur brongkos engga pecel kathah dipubn padosi para pelancong. Widodo saweneh pengelola wande daharan ngandaaraken bilih para pemudik lan pelancong sami penasaran nyobi jangan lobok ijo, dipun tambaha ayam goreng ayam kampung lan manekawerni baceman. Kathahipun konsumen menika dados berkah piyambak tumprapipun para pengelola wande daharan. Widodo ngakeni bioih sedintenipun omzetipun ngancik sekawan yuta rupiyah ingkang nelasaken puluhan ayam kampung. Kulinert tradisional menika  din mangsak kanthi bahan pilihan saking kampung ing sakiwatengening rest area.

Ing mangsa preen bakda riyadi, Rest Area Swanayasa kathah dipun datengi tamu saking sawetaiwsb laladan kadosta Jawa Tengah lan Jawa Timur ingkang badhe nindaken wisata ing Gunungkidul.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *