Kupiya Pados Rejeki

Kupiya Pados Rejeki

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDHA

Para pamirsa, yuswa ingkang sampu sepuh sanes mujudaken pepalang ing saklebeting badhe pados sandhang pangan kangge kulawarga. Salah setunggalipun kados ingkang katindaken dening Supno ingkang nyade dolanan tradisional.

Saben tiyang ingkang lair wonten ing ngalam donya menika, mesthi kedah wantun nglampahi gesang. Ananging nalika nglampahi gesang ing ngalam donya menika, mboten sedaya tiyang nggadhahi nasib ingkang sami. Salah setunggalipun kados ingkang dipun lampahi dening Supno warga saking Semin Kabupaten Gunungkidul, ingkang jajah desa milang kori nglangkungi mergi-mergi ing laladan DIY, saperlu nyade daganganipun arupi dolanan tradisional. Kaleresan kala wae enjing, piyambakipun nembe pados lenggananipun ing laladan Brongkol Argorejo Sedayu Bantul. Supono piyambak sampun bakul dolanan tradisional menika, selangkung tahunan, kangge nyekapi kbetahan balegriyanipun. Mboten saben dinten piyambakipun wangsul ing Gunungkidul, ananging saben seminggu sepisan klemawon, utawi menawi daganaganipun ampun telas, menawi wanci dalu supono  nginep ing masjid-masjid utawi pidalemipun warga saperlu ngaso, lan enjingipun sampun nglajengaken lampah pados wulu wektu, kanthi nginep ing papan–papan wau piyambakipun mboten kedah nyewa griya, saengga arta bebathen saking bebakulanipun saged kangge njagi dapuripun tansah ngebul. Sinaosa kedah lumampah engga puluhan kilometer ewasemanten mboten wonten raos sambat, ananging kanthi greget ingkang inggil kados pundi pados rejeki ingkang halal. Yuswanipun ingkang sampun ngancik sewidak gansgal tahun kanthi mbeta dagnagan ingkang awratipun sedasanan kilo temtunipun sanes mujudaken perkawis ingkang gampil, lan menawi sampun sayah piyambakipun ngaso ing sadengeh papan. Sipat ingkang mboten gampil pasrah bongkokan dhateng kawontenan mekaten menika dadosna satunggaling patuladhan tumprap sok-sintena.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *