TVRI YOGYAKARTA NEWS – CITIZEN JOURNALISM
Para pamirsa, ing dinten bakda riyadi menika, warganing masyarakat sami apura ing ngapuran. Sinaosa sampun kathah ingkang dipun damel ringkes ewasementen mboten ngicali roh-ing silaturahim.
Sampun dados tradisi sasampunipun nindaken sholat idul fitri ing antawisipun umat muslim sami apura ing ngapuran utawi ingkang enem dhatengi tiyng sepuh saperlu nyuwun pangapunten dhateng sedaya kalepatanipun, ananging jumbuh kaliyan ewah gumingsiring jaman sarta maneka werni alesan sungkeman utawi ujung sampun mboten sesakral rumiyin, tradisi menika dipun damel ringkes ewasemanten mboten ngicali rohipun. Kathah ing antawisipun warga ing salebeting silaturahmi namung mubeng ing mergi-mergi lan menawi kepanggih kaliyan sanesipun lajeng jawat astanipun kemawon sinambi ngaturaken sugeng bakda riyadi lan nyuwun pangapunten. Sinaosa mekaten ngabekten utawi ujung ugi tasih dipun lestantunaken dening saperangan warga masyarakat. Kados ingkang katindaken dening warga ing laladan RT sekawan ing lingkunagn RW selikur Sidorejo, Sleman menika. Sedaya warga sae menika para wiranem sami silatruhmi ingkang dipun awiti marak sowan dhateng sesepuh kampung, ingkang dipun lajengaken dhateng ing pidalemipun warga. Ing salebeting nindaken silaturahmi menika mboten sekedhik warga ingkang ujung utawi sungkeman, tiyang enem sami ngambung sukunipun ingkang kaaanggeb sepuh mingka tandha bektinipun. Sapurnaning ngabekten maneka werni jinis dehaharan ugi sampun dipun cawisaken ing salebeting dinten ryadi menika. Ananging ewah gumingsiring jaman sesegahan nyamikan menapadene daharan, ingkang sekawit tradisional ing wekdal samenika ugi sampun ewah. Sinaosa mekaten temtunipun mboten badhe ngirangi ing saklebeting silaturahim. Kupat janure tuwu sedaya lepat nyuwun pangapura.