Wisata Pantai Glagah Rame

Wisata Pantai Glagah Rame

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Kathaipun pelancong, mbeta berkah piyambak dhumateng pelaku usaha ingkang nyewak-aken baita ing Pesisir Glagah Kulonprogo. Ing preen bakda riyadi menika  sedintenipun saged pikantuk asil engga yutanan rupiyah.

Srana wisata arupi baita wisata ing pesisir laguna pesisir glagah, dados pilihaning para palancong ingkang nembe nindaken prei bakda riyadi ing Kulonprogo. Ing mansga preen bakda riyadi menika srawna wisata menika mboten nate sepen. Kaajwi awis-awis dipun prangguli ing pesisir sanesipun ipun, beya nitih baita ingkang namung sedasa ewu rupiyah saben tiyang para pelancong sampun saged nitih baita wisata sinambi ningali kaendahaning laguna Pesisir Glagah Kulonprogo. Kathahipun pelancong mbeta berkah tumprapipun para pengelola ing laladan menika. Ing mansga preen bakda riyadi menika omzetipun tikela kaping 3 kapandingaken kaliyan dinten padatanipun. Arga saweneh panyudiya jasa baiyta wisata ngandaraken bilih sedintenioun saged pikantuk asil engga setunggal yuta rupiyah.

Srana wisata ing lagunan Pesisir Glagah Kulonprogo dados daya tarik pelancong. Ngginaken perahu tempel saged ngemot sedasa engga kalih wela penumpang. Nitih baita wisata menika para pelancong saged ngubengi laguna ingkang tasih asri lan alami.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *