TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Minangka setunggaling kesenian tradisional tilaran leluhur ingkang tasih lestantun dumugi wedal skamenika, gejog lesung asring dipun dadosaken lelipuran piyambak ing desa desa wisata, kalebet ing Watu Goyang Dudun Cempluk Mangunan Imogiri.
Kados mekaten menika kesenian gejlog lesung ingkang dipun pragaaken dening para warga cempluk mangunan. Ketingal laras lan damel sengsem. Kesenian gejog lesung mujudaken salah satunggaling kesenian ingkang tuwuh lan ngrembaka meh ing sedaya ing karang padusunan, mliginipun ing kalanganing kadang tani pantun ingkang rikala semanten sami ngginaaken sarana lesung kangge nutu pantun. Kesenian rakyat menika pancen gadah suwanten ingkang mirunggan, inggih menika dumados saking suwanten saking alu, sarta kajeng lesung, kanthi wirama ingkang dipun tata sae, suwanten lesung menika kapireng jumengglung damel sinten kemawon ingkang midangetaken ugi rumaos remen.
Saged kawuningan, ing jaman rumiyin lesung menika dipun mupangataken dening kadang tani ing karang padesan kangge misahaken antawispun pantun kaliyan brambutipun. Pantun ingkang sampun garing saklajengipun dipun lebetaken ing lesung salajengipun dipun tutu ngginaken alu kanthi wirama ingkang tinemtu. Ananging jaman sampun sarwa majeng, pangginaning lesung ugi sampun kathah dipun tilar dening kadang tani lan dipun gantos mawi mesin giling pantun jalaran pirantos tradisionil arupi lesung menika mbetahaken wekdal ingkang dangu lan asilipun namung sekedhik sarta tenaga ingkang mboten entheng, sinaosa kadang tani sami ngginaken gilingan mesin. Samenika, lesung tetep dipun lestantunaken dados setungaling kesenian rakyat ingkang sipatipun tradiosional sarta ngemu boboting kawicaksnan lokal, alu ingkang dipun gejlugaken ing lesung menika ingkang dados wiramanipun. Sawetawis ingkang nggejog wonten gangsal engga enem tiyang, lan saben tiyang sami mbeta alu ingkang ukuranipun benten-benten. Ing wekdal samenika seni gejog lesung kepara ugi sampun dipun tambah mawi pirantos musik modern ingkang saya nambahi regeng. Sekar ingkang asring dipun sekaraken mboten namung lesung jumengglung ananging ugi sampun lagu-lagu ingkang modern. Kanthi lestantunipun gejog lesung menika ing pangangkah sagedto anjurung tumprap desa wisata ingkang wonten ing laladan DIY.