TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Kerajhinan limbah kajeng arupi jam kajeng ingkang dipun asiallekn dneing saweneh wiranem saking Madigonda, Samigaluh Kulonprogo, kajawi dipun sade ing saklabeting negari kanyata ugi sampun dipun eksport dumugi manca negari.
Kados maketen menika asiling kerajinan jam tangan saking kajeng ingkang dipun asialekn dening saweneh wiranem saking Madigonda, Samigaluh Kulonprogo, Furqon Azis. Nyleneh lan unik, jalaran dipun damel saking limbah kajeng jati, sono keling, nangka lan sakpioturutipun. Usaha kerajinan menika sampun katwiwitan tahun kalih ewu kalih welas kapengker, lan pikantuk kawigatosan saking ngakathah. Kepara duk rikala semanten wakil persiden jusup kala ugi nate pesen jam menika. Jam kajeng ingkang pun sukani nama JK Watch menika, ugi sampun dipun kintun ing Negari Rusia kepara Presiden Vladimir Putin ugi nate pesen, wekdal sakmenika usaha kerajinan jam kajeng menika ugi tasih lumampah sae, sawetawis lenggananipun kathah-kathahipun saking bebadan pamarintah.
Pengaosing jam tangan kajeng menika wiwit tigang atus ewu rupiyah engga pitung atusan ewu rupiyah, gumantung kaliyan njlimet lan mbotenipun nalika ndamel. Limbah kajeng ingkang padatanipun kabucal mekaten kemawon, kanyata saking datya keratifitas, ugi dados barang ingkang gadhah bobot ekonomi inggil.