TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Ngayogyakarta ingkang dumunng ing sangandhaping redi merapi njalari wewengkon menika kathah sumber toya, arupi belik, sendang, tlaga menapadene tuk. Salah setunggalipun inggih menika Sendang Kasihan.
Sendang kasihan ingkang dumunung ing Dusun Kasihan, Kelurahan Tamantirto, Kecamatan Kasihan, Kabupaten Bantul. Dumugining wekdal samenika kelaneggahaning Sendang menika tetasih kajagi kanthi sae. Toyanipun ingkang bening ndamel sok sintena ingkang ngendhangi papan menika badhe remen dipun tambah tasih kathahing wit-wit ageng ingkang ngeyomi sendang saengga ndamel edum eyuming swasana. Kalenggahanipun Sendang Kasihan mboten saged uwal saking mitos setunggaling petilasan. Miturut carios ingkang tuwuh ngrembaka ing sak tengahing masyarakat Sendang, Sendang Kasihan menika dipun damel dening Sunan Kalijogo ingkang nalika nglembara nglangkungi laladan Kasihan. Sendang Kasihan ugi asring sinebat Sendang pengasih jalaran, miturut cariosipun Sendang,menika nate dipun ginak-aken kangge “ Raup Pasuryan” nalika Nyi Roro Pembayun Putri Panembahan Senopati badhe dhateng mangir. Awit saking asringipun raup ing sendang menika ndamel pasuryanipun Roro Pembayun tansaya ayu lan enem saengga Ki Ageng Mangir kapincut dhumateng putri Panembahan Senopati kasebat. Saking kawontenan ingkang mekaten menika, sak lajengipun Sendang Kasihan dipun pitados saged ndamel awet nem dhumateng sok sinteno kemawon ingkang raup ing papan menika. Carios ingkang saya ndamel agunging Sendang Kasihan inggih menika nate dipun angge mesu budi dening Raden Rangga putra Panembahan Senopati kaliyan Ratu Kidul.
Ing sisih kilen sendang ugi wonten setunggaling tilaran arupi reca cacah kalih ngadhep mangidul kanthi inggil udakwis seket sentimeter. Emanipun salah setunggaling reca wau sampun risak ing peranganan grananipun. Katitik saking cakrik-ipun reco kasebat mujudaken Reco Ganesha, sawetawis ing sisihipun menawi dipun pirsani saking cirinipun mujudaken Reca Agastya. Sendang Kasihan menika toya nipun mboten nate asat sinaosa ing mangsa ketiga, lan dipun mupangtaken dening warga masyarakat ing sakwatengeing Sendang.