Gelar Pasar Murah

Gelar Pasar Murah

TVRI YOGYAKARTA NEWSBAMBANG HARTOYO

Para pamirsa, kangge ngenthengaken sesanggmenipun masyarakat ngajengi dinten riyaya idul fitri, Pamarintah Kabupaten Cilacap nggelar pasar murah.

Mindhaking rregen kabetahan pokok ngajengi tumapaking dinten riyaya idul fitri, ndayani sesanggemanipun masyarakat saya  awrat, kalebet  kados ingkang dipun raosaken dening warga  masyarakat ing Kecamatan  Bantarsar Kabupaten Cilacap Jawa Tengah. Kangge ngenthengaken sesanggemaning masyarakat , Pamarintah Kabupaten Cilacap nggelar pasar murah , mapan ing pendapi Kecamatan Bantar Sari. Warga  sami antri  sarta ngijolaken  kupon  kangge tumbas sembako seket tiga ewu rupiyah, ingkang dumados saking  lisah goreng  setunggal liter, gendhis pasir setunggal kilogram sarta wos  tinggang kilogram. Sinaosa namung arupi wos, gendhis pasir sarta  lisah goreng ewasementen  sedaya kabetahan pokok kjala wau  laris kasade .  Pj Bupati Cilacap Awaludin Muuri ngandaraken bilih  gelar pasar murah ingkang dipun adani ing sawetawis kecamatan menika minangka raos kabedulen dhumateng warga masyarakat  dhuamteng warga langip  mliginipun ngajengi tumapakaing dinten riyaya idul fitri 1445 hijriyah.  Hari Winarno , Camat Bantarsari mratelaaken  bilih wonten ewoanan paket semabko  ingkang dipun cawisaken  kangge warga masyarakat. Paket semabako ingkang dipun sade menika kaotipun kathah kapandhinagken kaliyan regi peken. Piyambakipun nugi ngaturaken panuwuwn ingkang ageng  dhumateng Pemda Cilacap  ingkang sampun beduli dhumateng warga masyarakat. Hari Winarno ugi ngajab masyarakat langkung temen lan khusuk anggenipun nindaaken ngibadah ing wulan siyam.

Sawetawis menika Pujiyanto saweneh warga  Bulaksari rumaos kabiyantu kanthi wontenipun gelar pasar murah menika.

Masyarakat ngajab dhumateng pamarintah kanthi ajeg ngadani krida ingkang kados mekaten menika, saengga warga saged kabiyantu ing saklebeting nyekapi kabetahanipun.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *