TVRI YOGYAKARTA NEWS-SETYA BUDI
Ndungkap dinten bakdo riyadi, sebagean gilingan gabah ing laladan Kapanewon Saptosari lan Paliyan Gunungkidul rame dipun datengi warga masyarakat. Para warga menika sami gilingaken gabahipun kangge bayar zakat fitrah.
Gilingan gabah ing Padukuhan Trowono Kapanewon Paliyan Kabupaten Gunungkidul menika, rame dipun datengi dining warga saperlu gilingaken gabahipun dados wos. Kawon tenan menika ajeg dumados saben tahun mliginipun nalika mlebet ing pungkasaning wulan ramadhan. Wos menika samangke bade dipun ginakaken kangge bayar zakat fitrah ing pungkasaning wulan siyam. Warga kedah ngatri engga sawetawis jam kangge gilingaken gabahipun ing papan menika. Salah saweneh warga sugiyono nelakaken bilih, piyambakipun langkung milih bayar zakat fitrah ginakaken wos ipun piyambak, amargi netepi menapa ingkang dados dawuhipun allah swt. Menapa malih ing laladan kapanewon saptosari lan paliyan gunungkidul sampun mlebet ing mangsa panen. Saengga bayar fitrah ginakaken wos asil panen piyambak saget ngenthengaken sesanggemanipun warga ing saklebeting bayar zakat fitrah, menapa malih pengaosing wos ing pekenan sakmenika ugi tasih inggil. Ramenipun jasa gilingan gabah menika dipun dugi tasih bade dumados engga sawetawis dinten ndungkap dinten riyaya idul fitri samangke.
Katahipun warga ingkang gilingaken gabahipun ing jasa gilingan gabah, ndamel para panyudiya jasa giling gabah kewetan. Menawi dinten padatan jasa giling gabah menika namung giling watawis 2 ton kemawon, ananging ndungkap dinten riyadi menika ngancik 4 ton saben dintenipun. Kajawi dipun ginakaken kangge bayar zakat fitrah, wos lokal jinis segreng menika samangkenipun ugi dipun mupangataken kangge nyekapi kabetahan padintenan.